Minggu, 10 September 2017

SPOK dalam Bahasa Jawa : Ukara


Ukara ana pirang-pirang wernane, ana ukara pakon, ukara pitakon, ukara lamba, ukara camboran lan liya-liyane.


Ukara lamba yaiku ukara kang kedadean saka jejer, wasesa, lesan,katrangan) mung siji lan gagasane uga mung siji. Ana in basa Indonesia ukara lamba iku kadadean saka subjek, predikat, objek utawa keterangan uga mung siji.


Tuladha :


1) Bapak maos koran.


Bapak : subjek/jejer; maos : predikat/wasesa; koran : objek/lesan


2) Ibu nggendong adhik.


Ibu : subjek/jejer; nggendong : predikat/wasesa; adhik : objek/lesan


3) Pak Guru nyerat ten blabak.


Pak Guru : subjek/jejer; nyerat : predikat/wasesa; ten blabak : keterangan/katrangan


4)Andi sinau basa.


Andi : subjek/jejer; sinau : predikat/wasesa; basa : objek/lesan.


Jejer ing basa Indonesia diarani subjek. Jejer isa kedadean saka jeneng uwong, negara, kutha, wulan, kembang, kewan, lan liya-liyane. Tuladha : Anton, Tuti, Pak Guru, Bu Guru, Aryo, Indonesia, Walanda, Ngayogyakarta, Pitik, lan liya-liyane. Jejer biyasane diwenehke ngarep ukara utawa sauwise katrangan wektu. Tuladha : Sesuk Ibu tindhak.


Wasesa kang ing basa Indonesia diarani predikat kedadean saka ukara kang tegese nandhang gaweyan apa wae. Biyasane diwenehake ning mburi jejer. Tuladha : sinau, turu, mangan, macul, mlayu, tindhak, nganakake, nindhakake, ngaturi. ngutus, diutus, lan liya-liyane. Wasesa isa uga saka tembung kahanan, kayata : resik, sregep, keset, pinter, apik. Tuladha : Adhiku sregep, Raras iku pinter. Pokoke jejer kuwi ning ngarep dhewe utawa ning mburi katrangan wektu, wasesa ning mburine jejer.


Lesan utawa objek biyasane kedadean saka aran barang apa wae, papane ning mburi wasesa. Pak Dhe nitih pit. Pit ning kene dadi lesan. Ibu tumbas tigan. Lesan ing ukara iku yakuwi tigan (telur). Monggo sinau nggawe ukara.

2 komentar:

Unknown mengatakan...

Bruh jelek salah

Unknown mengatakan...

Ew😖😠